Sabtu, 11 Januari 2020

Jamiyahan Malam Minggu ala IRMAS IPNU & IPPNU Wanagopa

Malem minggu lubar isya, bocah sing biasane playonan jebule pada samper-samperan pan mangkat jamiyahan neng TPQ MNU, Nurus Shibyan. Sing melu rata-rata kelas 5 SD nganti kelas 3 SMK/SMA. Bocah sing pada mangkat nggawa berjanji dewek-dewek. Kegiatane biasane diawali pembukaan, yasin tahlil, maca berjanji karo solawatan diringi terbangan sing ditabuh, bar kuwe dilanjut mauidoh khasanah mbahas isi kandungan berjanji karo perkara agama liyane sing disampekaken Ustadz Abdul Salam, S.Ag terakhir ditutup karo donga. Terus bar kuwe angger sing pan dalah ya monggo sing ora ya ora papa. Alhamdulilah kegiatan jamiyahan neng Wanagopa esih ana awit jaman gemiyen, ndeyan tah angger didetung kari secuil sing esih ana neng daerah Warureja. Dewek kabeh kudu bangga esih ana kegiatan positif kanggo bocah-bocah ben ora pada klayaban sing ora nggenah malem minggu. Monggo bapake karo mboke sing nduwe anak esih sekolah apa mas  karo mbane neng umah sing nduwe adi cilik bisa melu kegiatan kuwe soale manfaate akeh tur penting nemen, ora kur olih agamane tok tapi sosiale (sesrawungan) ya olih. Yuh bareng-bareng diramekena diterusaken kegiatan sing apik kaya kie.
Sapa len sing mbiyen melu jamiyahan kaya kie???




Kamis, 09 Januari 2020

Sing Penting Obah (Senam Aerobik)

Minggu esuk, wis kaya biasane mboke, mane, mbakyune pada kumpul neng umahe Yu Mas. Jebule pan melu senam aerobik. Kira-kira jam 7 tet, musike wis disetel terus intrukture ya jebul wis teka. Diwiwiti gerakan pemanasan jare ben otote aja kaget pas gerakan sing pating pencolotan dong gerakan inti. Tak rongokena, musike jebul werna-werna ana tembang luar negeri, dangdutan, pop, karo sing liyane. Tak deleng-deleng mboke-mboke wong wanagopa semangate bisa ora umum nemen, ngalor ngidul ngulon ngetan, pencolot mana, pencolot mene jare ben sehat. Ana sing pinter nirukena instrukture, ana sing kur ogel-ogel tok, tapi ora papa sing penting obah. Ora krasa jebule wis tengah 9. Senam aeorobik ditutup karo gerak pendinginan. Biasane lagune selo nemen gerakane ya alon nemen jare ben otote lemes ora kaku. Bar kuwe, mboke-mboke sing melu senam mau pada selonjor nglurusna sikil ben aja kena varises jarene. Muga-muga kegiatan senam kuwe mau bisa terus ana, anggotane ya muga-muga selot nambah ben pada sehat kabeh, angger mbokene pada sehat tur lincah biasane sing liyane ya melu sehat tur semangat iya ora lurr?? heheheh.


Jamiyahan Malam Minggu ala IRMAS IPNU & IPPNU Wanagopa

Malem minggu lubar isya, bocah sing biasane playonan jebule pada samper-samperan pan mangkat jamiyahan neng TPQ MNU, Nurus Shibyan. Sing me...