Wis dadi cerita umum neng masyarakat angger ana graha mbuh srengenge mbuh wulan ya monine dipangan graha.Wong-wong pada nutuki perabotan pawon bangsane panci, dandang, sangan, mbuh sing liyane sing bisa dikentungi. Jarene sih ben butane ora sida mangan.
Angger ana wong meteng gon umpetan neng ngisore amben karo wudele dinain awu jare ben ora dipangan buta. Tapi kayane saiki wis jaman modern. Graha wis dadi fenomena alam langka sing malah dinteni. Wong-wong sengaja nemen pada metu umah pingin weruh prosese. Kebeneran, Kemis 26 Desember 2019 pas kedadian grahana srengene neng Indonesia, pas Wanagopa kelewatan graha kuwe mau.
Lantaran alat bantu kacamata sing aman kanggo ndeleng, warga Wanagopa pada gemredeg nyaksekena graha kuwe mau. Bar pada sembahyang Dhuhur terus dilanjut sembahyang Gerhana Matahari (Khusuf) sing diimami Ustadz Sodikin terus Khutbahe Ustadz Busyro, wong Wanagopa pada metu masjid ndeleng secara langsung fenomena alam kuwe mau. Muga-muga lantaran peristiwa kuwe mau bisa ndadekna semakin kuat imane soale bisa dadi bukti kekuasaane sing Maha Kuasa.
Pada ndeleng gerhana apa ora len????