Senin, 23 Desember 2019

Kelingan Jamane Ngaji

Mbiyen jamane ngaji dong esih cilik nemen neng Mbah Kyai Haji Abdul Hakim, nyong kelingan mlaku neng lurunge Yu Witri pas balike tiba, terus kejedot. Gara-gara kuwe ora sida ngaji maning neng kono terus pindah ngaji neng Ustadz Busyro neng mburi umah. Alhamdulilah bisa khataman pas kelas 4 SD. Terus nyong ngaji maning neng Ustadz Abdul Salam. Neng kono belajar akeh, ana belajar maca barzanji, tahlil, terus sampe ghoribul quran. Alhamdulilah kelas siji SMP khatam maning terus melu ujian khataman Alquran nganti metu ijasahe. Nyong bersyukur neng Wanagopa esih akeh ustadz sing bisa ngajari Alquran kanthi bener tur sabar. Soale barang nyong pindah maring salah sijine kota gede, nggoleti Ustadz sing kaya neng Wanagopa rupa-rupane ya rada angel soale carane ngajar beda-beda. Matur nuwun nemen ustadz, mbuh ndangdet-ndangdet saiki wis lumayan bisa maca Alquran. Semoga bisa dadi amal jariyahe panjenengan mbesuk neng akhirat, njaluk ngampurane angger mbiyen jamane ngaji gluweyan tok ora nurut heheheh. Muga-muga nyong bisa ngikuti jejake panjenengan kabe, soale seapik-apike menungsa kiye sing bisa manfaat kanggo liyane.



Tidak ada komentar:

Jamiyahan Malam Minggu ala IRMAS IPNU & IPPNU Wanagopa

Malem minggu lubar isya, bocah sing biasane playonan jebule pada samper-samperan pan mangkat jamiyahan neng TPQ MNU, Nurus Shibyan. Sing me...